image,transcription,transliteration,language_label,script ysl873_01.png,꧋꧅ꦲꦠꦸꦂꦠꦧꦺꦏꦸꦭꦱꦲꦏꦲꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦏꦛꦃꦏꦛꦃ꧈,"Atur tabe kula saha kaurmatan akathah-kathah,",jav,jawa ysl873_02.png,ꦏꦁꦗꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦢꦶꦦꦛꦶꦱꦱꦿꦢꦶꦟꦶꦁꦔꦿꦠ꧀꧈,"Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat,",jav,jawa ysl873_03.png,ꦏꦠꦸꦂꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦩꦪꦺꦴꦂ꧈,"Katur kangjêng tuwan residhèn mayor,",jav,jawa ysl873_04.png,ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦲꦢꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀꧈,"residhèn ing Surakarta Adiningrat,",jav,jawa ysl873_05.png,꧋ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦢꦾꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦮꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈,"Sasampuning kadya punika wiyosipun,",jav,jawa ysl873_06.png,ꦏꦸꦭꦔꦠꦸꦂꦫꦶꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀꧈,"kula ngaturi wuninga ing kangjêng tuwan residhèn,",jav,jawa ysl873_07.png,ꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦕꦏꦸꦭꦮꦝꦤꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦗꦮꦶꦔ꧀ꦤꦧ꧀ꦧꦼꦠ꧀꧈,"Mênggah lampahipun kănca kula wadana kaliwon jawi lêbêt,",jav,jawa ysl873_08.png,ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦸꦫꦢꦶꦭꦒ꧈,"Satunggil Radèn Tumênggung Suradilaga,",jav,jawa ysl873_09.png,ꦏꦭꦶꦃꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦩꦁꦏꦸꦪꦸꦢ꧈,"kalih Radèn Tumênggung Mangkuyuda,",jav,jawa ysl873_10.png,ꦠꦶꦒꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦧꦿꦗꦢꦶꦥꦸꦫ꧈,"tiga Radèn Tumênggung Brajadipura,",jav,jawa ysl873_11.png,ꦱꦼꦏꦮꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦥꦸꦱ꧀ꦥꦤꦒꦫ꧈,"sêkawan Radèn Tumênggung Puspanagara,",jav,jawa ysl873_12.png,ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦥꦿꦶꦁꦒꦢꦶꦥꦸꦫ꧈,"gangsal kaliwon Radèn Ngabèi Pringgadipura,",jav,jawa ysl873_13.png,ꦤꦼꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦤꦒꦫ꧈,"nênêm Radèn Ngabèi Wăngsanagara,",jav,jawa ysl873_14.png,ꦱꦏꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦺꦮꦸꦩꦤ꧀ꦠꦽꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈,"sakancanipun panèwu mantri ingkang sami anglampahi ayahan dalêm,",jav,jawa ysl873_15.png,ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃꦥꦁꦒꦫꦥ꧀ꦥꦶꦥꦥꦸꦤ꧀ꦏꦉꦠ꧀ꦠꦲ꧀ꦲꦶꦁꦒꦿꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀꧈,"dados têtindhih panggarapipun karêtêg ing Grompol,",jav,jawa ysl873_16.png,ꦱꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦼꦢꦪ꧈,"Sapunika sampun sami dhatêng sêdaya,",jav,jawa ysl873_17.png,ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦏꦉꦠ꧀ꦠꦼꦒ꧀ꦲꦼꦁꦒꦿꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦮꦲꦸꦱꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦺꦴꦱ꧀꧈,"wondene karêtêg ing Grompol wau sapunika sampun dados,",jav,jawa ysl873_18.png,ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦤ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈꧒꧘꧐꧇ꦏꦏꦶ꧈,"Mênggah panjangipun 280 kaki,",jav,jawa ysl873_19.png,ꦮꦶꦪꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈꧑꧖꧇ꦏꦏꦶ꧈,"wiyaripun 16 kaki,",jav,jawa ysl873_20.png,ꦲꦶꦁꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈꧑꧙꧇ꦏꦏꦶ꧈,"inggilipun 19 kaki,",jav,jawa ysl873_21.png,ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦭꦩ꧀ꦩꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦫꦥ꧀ꦏꦉꦠ꧀ꦠꦼꦒ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧇꧒꧖꧇ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈,"wondene lamènipun gènipun garap karêtêg punika 26 dintên,",jav,jawa ysl873_22.png,ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦁꦒꦫ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦢꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦃꦱꦺꦴꦏꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧈,"Mênggah panggarapipun ing radinan tanah Sokawatos sadaya,",jav,jawa ysl873_23.png,ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦮꦼꦂꦫꦢꦶꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦩꦶꦏꦥꦝꦱ꧀꧈,"ing sapunika wêradin sampun sami kapadhas,",jav,jawa ysl873_24.png,ꦮꦺꦴꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦕꦏꦸꦭꦥꦿꦪꦪꦶ,Wondene lampahipun kănca kula prayayi,jav,jawa ysl873_25.png,ꦮꦢꦤꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦺꦮꦸꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈ꦗꦮꦶꦊꦧ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦱꦼꦢꦪꦱꦩꦶꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ꧈,"wadana kaliwon sakancanipun panèwu mantri jawi lêbêt sêdaya sami wilujêng,",jav,jawa ysl873_26.png,ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦏꦶꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈,botên wontên kakiranganipun.,jav,jawa ysl873_27.png,꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ꧈,"Ingkang kaping kalih,",jav,jawa ysl873_28.png,ꦏꦸꦭꦧꦝꦺꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧈ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦕꦏꦸꦭꦥꦿꦪꦪꦶꦮꦢꦤꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦗꦮꦶꦊꦧ꧀ꦧꦼꦠ꧀꧈,"kula badhe anglampahakên kănca kula prayayi wadana kaliwon jawi lêbêt,",jav,jawa ysl873_29.png,ꦝꦠꦼꦁꦠꦤ꧀ꦤꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦮꦠꦺꦴꦱ꧀꧈,"dhatêng tanah ing Sokawatos,",jav,jawa ysl873_30.png,ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦏꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦫ꧈,"Satunggil Radèn Tumênggung Kartadipura,",jav,jawa ysl873_31.png,ꦏꦭꦶꦃꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦥꦿꦮꦶꦫꦤꦒꦫ꧈,"kalih Radèn Tumênggung Prawiranagara,",jav,jawa ysl873_32.png,ꦠꦶꦒꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦧꦿꦗꦢꦶꦥꦸꦫ꧈,"tiga Radèn Tumênggung Brajadipura,",jav,jawa ysl873_33.png,ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦉꦗꦢꦶꦥꦸꦫ꧈,"sakawan kaliwon Radèn Ngabèi Rêjadipura,",jav,jawa ysl873_34.png,ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦉꦱ꧀ꦱꦤꦒꦫ꧈,"gangsal Radèn Ngabèi Rêsanagara,",jav,jawa ysl873_35.png,ꦱꦩꦶꦧꦼꦏ꧀ꦠꦏꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦺꦺꦮꦸꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦗꦮꦶꦊꦧ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦲꦤꦾꦼꦥ꧀ꦥꦭꦶꦃ꧈,"sami bêkta kancanipun panèwu mantri jawi lêbêt anyêpalih,",jav,jawa ysl873_36.png,ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦺꦩꦼꦁꦒꦃꦢꦩ꧀ꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃꦲꦶꦥꦁꦒꦫ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦉꦠ꧀ꦠꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦫꦩ꧈,"wondene mênggah damêlipun badhe anindhihi panggarapipun karêtêg ing Kêbonrama,",jav,jawa ysl873_37.png,ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦒꦺꦤ꧀ꦱꦥꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈,"Kaliyan ing Sragèn sapanunggilanipun,",jav,jawa ysl873_38.png,ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃꦲꦶꦥꦁꦒꦫꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦶꦤ꧀ꦤꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧈,"Utawi anindhihi panggarapipun radinan tanah ing Sokawatos sadaya,",jav,jawa ysl873_39.png,꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ꧈,"Ingkang kaping tiga,",jav,jawa ysl873_40.png,ꦏꦸꦭꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧈ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦕꦏꦸꦭꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦔꦗꦼꦁ꧈,"kula anglampahakên kănca kula kaliwon ngajêng,",jav,jawa ysl873_41.png,ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦗꦒꦤꦒꦫ꧈,"Radèn Ngabèi Jaganagara,",jav,jawa ysl873_42.png,ꦩꦮꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦥꦤ꧀ꦤꦺꦮꦸꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦥꦠꦶꦪꦤ꧀,"mawi kanthi panèwu mantri ing Kapatiyan,",jav,jawa ysl873_43.png,ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦢꦩ꧀ꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃꦲꦶꦥꦁꦒꦫꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦉꦠꦼꦒ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦿꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀꧈,"Wondene damêlipun badhe anindhihi panggarapipun karêtêg alit ing Grompol,",jav,jawa ysl873_44.png,ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈,"kalihan radinanipun,",jav,jawa ysl873_45.png,ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈,"Mênggah angkatipun ing dintên Sênèn ngajêng punika,",jav,jawa ysl873_46.png,꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦲꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀,Ingkang punika kauningana ing kangjêng tuwan residhèn,jav,jawa ysl873_47.png,꧋ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦥ꧀ꦠꦸꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥ꧀ꦥꦶꦁ꧈꧓꧐꧇,Kasêrat ing dintên Saptu tanggal kaping 30,jav,jawa ysl873_48.png,ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦸꦫꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦗꦶꦩ꧀ꦩꦮꦭ꧀꧈ꦲꦁꦏ꧈꧑꧗꧖꧕,"wulan Sura ing taun Jimawal, ăngka 1765",jav,jawa